Assalamu’aikum wr
wb
Bapak kepala
sekolah ingkang satuhu kinakbeten, bapak
ibu guru saha karyawan ingkang dahat kinurnatan, sarta para kanca ingkang kula tresnani
Para rawuh ingkang minulya,
Mangga kula
panjenengan sami ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT, ingkang sampun
kepareng paring karaharjan saha kawilujengan saengga kula panjenengan saged
makempal wonten ing adicara punika.
Para rawuh ingkang minulya,
Kula panjenengan mangertosi bilih kabudayan mboten saged kapisah wonten
ing panggesangan.Langkung- langkung sakmenika pamarentah Ngayogyakarta nembe
nggadhahi program kagem ngleatantunaken budaya jawi ingkang
taksih ngrembaka.
Kabudayan jawi inggih menika
kabudayan tiyang jawi ingkang mujudaken
kabudayan asil cipta tiyang, ingkang
dipun lampahi turun-temurun.Tanpa
kabudayan satunggaling bangsa mboten gadhah pratanda utawi werdi. Ananging sakpunika kathah
ingkang ngendika menawi kabudayan jawi sansaya dangu sansaya luntur kagerus
arus globlalisasi . Kathah tiyang jawi ingkang
sampun kenging “ pengaruh “ saking kabudayan “ luar “ ingkang
kabudayanipun benten kaliyan budaya Indonesia.
Kabudayan jawi punika kabudayan
ingkang gampil nampi kabudayan sanes utawi alkulturasi kabudayan kanthi sekeca.
Kabudayan jawi punika dinamis miturut jaman. Dados kabudayan punika saking jaman tumuju jaman wonten ewah-ewahanipun.
Pramila kabudayan punika nggadhahi werdi saben jamanipun piyambak- piyambak.
Para rawuh ingkang minulya,
Kabudayan kathah
wonten pundhi kemawon. Kabudayan nggadhahi mgelmu pangartosan dhumatheng sinten
kemawon supados saged majengaken gesang bebrayan. Ngrembakanipun kabudayan
mboten namung ateges nguri-nguri budaya ingkang sampun wonten, ananging ugi
pripun mbudidaya supados saged majengaken kapudayan punika piyambak.
Kabudayan jawi ingkang adiluhung inggih menika saged dipun pitados
bilih anggenipun ndamel kanthi laku sarta panggalih. Kabudayan ingkang adiluhung
temtu mboten namung nyekapi kabetahanipun piyambak. Ananging saged lestantun saha migunani tumrap gesanging bebrayan agung.
Para rawuh ingkang minulya,
Cekap semanten atur kula
mbokbilih wonten kekirangan saha kalepatan, mugi panjenengan sedaya kersa
nglunturaken angunging samudra pangaksami.
Kupat bumbune
santen menawa lepat nyuwun pangapunten.
Wa’alaikumsalam wr
wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar